cerita cekak - KARNA
Oke gaeeeeees... I'm back after so many year, around 7 years maybe. YEAY!!
Well, jadi dikesempatan ini aku mau share hasil karya aku waktu SMA dulu gaes. Jadi dulu waktu kelas 2 SMA tepatnya kelas XI, itu aku ada tugas dari guru Bahasa Jawa suruh bikin CERKAK. Aslinya Cerkak ini tu udah ada di blognya sebelah, blog tempat ngumpulin tugas ini. Tapiiiiii, karna aku COMEBACK, jadi aku mau uploud juga di blog aku.
Oke langsung aja, INI DIA!!! TADADAAAAA...
Karna
dening @krismonicamon
Ing tlatah mbrang kidul urip keluarga ningrat, jenenge
yaiku Cokro Kuncara. Cokro Kuncoro dipimpin dening Raden Wijaya Shindu Karna
lan nduweni garwa kang ayu banget, jenenge Putri Ajeng Gandhini. Senajan Cokro
Kuncoro iku ningrat, ning kahanane ora kayata kahanan ningrat kang bungah lan
ayem tentrem. Iya. Wis sepuluh taun Cokro Kuncoro durung diwenehi keturunan
dening Gusti kang Maha Agung. Mulasaben dina kahanan ing Cokro Kuncoro sepi
mampring tanpa ana tangising jabang bayi wayah rina klawan wengi. Sing ana
amung swara kewan-kewan kang tansah sing diingu dening RadenShindu serta swara
gamelan lan gendhing jawa kanggo nglipur atine Putri Gandhini sing layu kaya
kembang alum.
“Arep teka kapan kahanan kaya mangkene Kakang? Aku wis
pengen nimang putra kang bisa nglipur atiku yen panjenengan kesah melu perang.”
Kandhane Putri Gandhini. Mangerteni kandhane sisihane kang kaya mengkono, mula
RadenShindugolek cara supaya Putri Gandhini bisa ngandut.
Wayah wulan Purnama kang sinare moblong-moblong padhang
jingglang kae, Raden Shindu budhal menyang alas kanggo pertapa. “Kakanda pamit
budhal menyang alas Diajeng. Kanggo nyuwun ngapura marang Gusti Maha Agung
supaya kita diwenehi putra kang bagus, sae, lan budi pekerti luhur Diajeng.”
kandhane Raden Shindu. “Restuku
menyertaimu Kakang.” semaure Putri Gandhini. Dheweke banjur budhal pertapa
menyang alas.
Sak suwene Raden Shindu nglakoni pertapaan, dheweke
diganggu dening setan ngalas. Ning dheweke ora peduli. Dheweke banjur fokus ing
pertapaane. Ora let suwi, pertapaane menehi hasil. Ing pertapaane Raden Shindu
ditemoni dening Batara Surya. “Kowe pengen nduweni anak lanang ngger putraku?
Yen kekarepanmu mangkono, mula ana syarat-syarat sing kudu kowe lakoni!”
kandhane Batara Surya. “Syarat ke siji. Sak suwene bojomu ngandut, kowe ora
oleh nyuduk lawanmu nganggo pedang pas wayah kowe perang. Sing ke loro. Sak
wise anakmu lair weneh ana jeneng kang ana jenengku ing jenenge dheweke. Sing
ke telu. Kowe kudu bisa ngopeni, njaga, lan nuntun anakmu ing dalan kang bener.
Yen kowe nglanggar salah siji syarat iku mau, isa dadi kowe ora bakal nduweni
anak saklawase.” “Inggih Batara Surya. Kula siap dening sedaya persyaratan
engkang sampun panjenengan parengaken dhateng kula. Kula maturaken sembah nuwun
Batara Surya.” semaure Raden Shindu. “Yowes, ndang balio kana! Tugasmu lan
tugasku wes bar nang kene”.Banjur Raden Shindu muleh nang Cokro Kuncoro lan
nemoni Putri Gandhini. Tenan wae. Sak
wise teka Cokro Kuncoro, Raden Shindu kaget. Putri Gandhini langsung ngandut.
*****
Sepuluh taun wes lewat. Cokro Kuncoro sak iki dadi pusat
perdagangan kang terkenal seantero negeri. Akeh negara luar kang ngenekake
kerja sama karo Cokro Kuncoro.
*****
Raden Karna Surya Kencana. Iya. Iku mau jenenge putrane
Raden Shindu lan Putri Gandhini sing uwis berumur
10 taun. Ing umur semono iku Raden Karna uwis diwarahi bisnis dening
Ramane. Mulane ora nggumun yen Cokro Kuncoro nduwe bisnis nang kutha
ngendi-ngendi.
Ing dina kapungkur, wayah Raden Karna lan keluarga arep
bisnis menyang luar negeri, Raden Karna eruh cah wadon ayu ing pelabuhan sing
narik kawigatene. Dheweke mesem marang cah ayu iku. Ning cah ayu iku dudu saka
keluarga sing nigrat kaya Raden Karna lan ora njanjeni yen mbesuk Raden Karna
bisa urip bareng karo cah ayu iku mau.
Setaun wis kelewat,
bisnisne Cokro Kuncoro sansaya maju pesat. Saliyane ana bisnis perdagangan, ana
maneh bisnis perikanan lan perkebunan kang ora kalah karo bisnis perdagangan.
Mula Cokro Kuncoro sepakat arep gawe omah maneh kang luwih gedhi
magrong-magrong ngalahi omah sing kapisan.
*****
Limalas taun wis liwat. Persyaratan kang saka Bathara
Surya wis dilakoni kang apik dening Raden Shindu. Sak iki Raden Karna wis dadi
uwong kang nduweni budi pekerti kang apik tur sae. Kabeh bisnise Raden Shindu
wis dipasrahake dening anake, Raden Karna. Sak iki Raden Shindu menikmati masa tuwane bareng sisihane,
Putri Gandhini.
Raden
Karna wis dewasa. Mula ora nggumun yen Raden Karna wis dikongkon omah-omah.
Ndelalah ora disengaja Raden Karna ketemu maneh karo cah wadon ayu pas dheweke
arep nang luar negeri. Iyo. Banjur dheweke kenalan karo cah wadon iku mau. “Cah
ayu, perkenalken. Aku Raden Karna putrane Raden Shindu lan Putri Gandhini.”
kandhane Raden Karna. “Kula Kirana
kakang.” semaure Kirana. Sejatine Kirana iku amung babu ning omahe Raden Karna.
Nanging sikape Raden Karna sing kaya nrima kahanane Kirana, dheweke maleh nduwe
rasa tresna marang Raden Karna. Ananging sak durunge kuwi Raden Karna wis tau
ngomongi. Wis tau awanti-wanti yen Kirana kuwi dudu cah wadon seng pantes karo
keluarga ningrate. Mari ngono Raden Karna ngomong sejujure marang Kirana.
“Kirana, aku nyuwun pangapura. Aku ora bisa urip karo kowe. Yen kowe urip karo
aku, kowe ngko bakal krungu keapusan. Aku wedi yen kowe bakal kuciwa”. Mula
sangka kono mau Raden Karna ora nrima rasa tresnane Kirana.
Kirana kang uwis ditolak dening Raden Karna rumangsa
kuciwa, pengel, lan mangkel. Dheweke arep balas dendam marang Raden Karna. Balas
dendame Kirana yaiku gawe uripe Raden Karna sengsara. Kirana banjur mulih ning
keprabone. Ing kono dheweke malih dadi wujud sing asline, yaiku dadi penyihir.
Raden Karna ora eruh yen Kirana iku penyihir sing jahat. Kirana ngramu
mantra-mantra ngge mateni bapa lan biyunge Raden Karna, Raden Shindu lan Putri
Gandhini.
Kirana nyihir salah siji bangunan omah, ambruk trus
nibani Raden Shindu lan Putri Gandhini. Ora let suwi sihire mempan. Wayah Raden
Shindu lan Putri Gandhini bar mlaku-mlaku saka kebon, dheweke sedo keembrukan
salah siji bangunan omah. Raden Karna kaget lan ora percaya yen bapa lan biyung
wis ora enek nyawane. Kirana seneng banget yen sihire nuwuhke hasil.
“Hahaha...Akhire sing tak pengeni wes kelakon. Rasakno Karna. Iki oleh-olehe
yen kowe wis nolak rasa tresnaku. Hahaha...”
Raden Karna sing terus klelep ing rasa sedhihe banjur
golek warta piye bapa biyunge bisa mati. Padahal bangunan omahe iku di rancang
ora bakal ambruk nganti pirang atus taun. Mula saka kematian Raden Shindu lan Putri Gandhini, Raden Karna dadi seneng
ndalami ilmu hitam lan mantra-mantra ngge maeka uwong. Ananging, ing rasa
sedhih kang dalem (dalam) ora
sakabehe donya iku peteng. Akhire Raden Karna ketemu karo cinta sejatine.
Usahane Kirana mbunuh bapa biyunge
Raden Karna sia-sia. Toh Raden Karna wes nemu belahan jiwane.
Minggu ngarepe Raden Karna wis eruh sapa pelakune sing
wis mbunuh Raden Shindu lan Putri
Gandhini. Pelakune yaiku Kirana. Raden Karna kuciwa banget lan akhire ninggalke
Kirana saklawase banjur rabi karo cinta sejatine mau.
Kirana cemburu yen Raden Karna rabi ning ora karo dheweke
lan ora trimo yen ditinggalke saklawase dening Raden Karna. Dheweke banjur
ngramu mantra maneh ngge njompa-njomapi sisihane Raden Karna. Kirana nyihir
sisihane Raden Karna pokoke kudu terjun ing Lembah Rondho. Dheweke muni, “Yen
kowe (Raden Karna) milih pilihan liya trus berlabuh ing athine mula mantra iki
urip lan apa sing kok tresnani bakalan mati”. Mantrane empan. Banjur sisihane
Raden Karna mlaku ing Lembah Rondho lan terjun nang kono. Raden Karna wis ora
nyandhak arep nulungi maneh. Sisihane akhire mati.
Akhire Raden Karna melu terjun ing Lembah Rondho. Ning
dheweke ora mati senajan awake wis ceblok natap watu. Tibake Kirana wis ngutuk
Raden Karna dadi Vampir. Malihe Raden Karna dadi vampir nimbulake penderitaan
kang ora sampe-sampe. Sak liyane Raden Karna digawe dadi vampir, Kirana yo gawe
Raden Karna dimusuhi dening pegawai lan rakyat desa saengga kabeh pada nglawan
perintahe Raden Karna lan pengen ngusir Raden Karna sangka desane. Kirana
ngutuk Raden Karna dadi vampir kang nelangsa ing kepetengan kang abadi (menderita di kegelapan yang lama).
***THE
END***
Komentar
Posting Komentar